CERPEN BASA JAWA Oleh Rifka Shin Hye Assalamualaikum - TopicsExpress



          

CERPEN BASA JAWA Oleh Rifka Shin Hye Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Sugeng rawuh (?) maos cerpen boso jowo pertama kulo meniki. Judulipun “Kenangan Sambong”. Seng sampun ngeluangke wektu kangge maos, kulo aturi thank you so much. Langsung nek Te Ka Pe. Sak liyane kali Geles, nggon paling favorit kanggo aku nek Sirahan yo Bendungan/Sambong. Nek kali Geles, kabeh wong Sirahan seng sumure garing wektu ketigo, mesti mlayune mrono. Seru ne pol nek ndungokke emak-emak ngamuk banyune diutek-utek wayah do umbah-umbah, utowo seru neh, nek emak-emak kui do selot nesu. Tapi iku nek wong tuo-tuo. Nek cah nom-nom (ngakune) koyo aku ngeniki (nyileh kata ‘narsis’ oleh yo?), jaman semono mesti do ngge jeguran. Raketang amen dipisoi nek bar ko kali Geles (jenenge yo cah cilik, mesti sasaran pisoh, wedi nek dipangan Uling karo nek digowo Pelet jare), aku karo konco-konco terutama kang adi dulur ku, sueneng tenan nek jeguran. Ra peduli bar iku awak gosong kabeh, padahal wes gowo sunblock (rasah gatekke, khayalan tok nek seng iki) utowo disembur pak lek bu lek ku seng gualak-galak kui, tetep ae, seneng banget. Durung enek kolam renang soale, jaman semono anane kedung. Lha nek Bendungan, iku nggon bersejarahe buyutku ples aku karo konco-konco sekolah nek MI ndisek (wes ngerti to MI ndi maksute? Jelas. MI ne mek siji). Rasane jaman iku mlaku neng Bendungan ki adoh banget, ora koyo sak iki, sak nyuk an. Opo meneh wektu iku lagi bar kerja bakti ngepel (nggowo gerajen sisan, durong ono S*perpell mungkin) nek sekolahan, mesti lah rasane dobel kesel. Ngrusok-ngrusok lewat kampung karo tegalane wong-wong, ra mikir nek ono ulo tah grenduo, seng penting tekan Bendungan. Wah, tekan kono gak kecewa. Iso maen Titanic-Titanic an neng bangunan Bendungane. Wes ngono jeh do kober-kobere nyeser iwak blending, ge koleksi jarene konco-koncoku se lanang. Se cah wedok-wedok si maen India-India nan, metiki kembang karo bengok-bengok, nyanyi-nyanyi, yo wes ngono kuwi lah. Ijeh mbahas Bendungan (nek leng ngucapno si Mbendungan benere, koyo ITB lho, nek wong jowo kan dadi ITM/ Institut Teknologi Mbandung), nek kono nggone sejuk, adem banget, yo kecuali nek do turon nek watunane pas bedug-bedug. Bendungan pemandangane apik. Iso roh sawah, gunung, hutan, watu, banyu, wit-witan, mberah pokoe. Kabeh tersedia. Ngelak? Njupuk dami seng keli, terus depek kali, serot. Ngeleh? Sandeng Bendungan akeh juwet ( sekedar pengetahuan umum, dari buku paket murid saya, juwet termasuk kedalam kategori tanaman yang hampir punah, so, ojo ditebangi). Tah nek lagi bejo yo ono telo utowo gedang gone pak tani seng wes ra kanggo/siso. Mek siji tok takoane. Opo to kolu mangan ngombe model ngono? Nek aku si ora. Biasa mangan SPHAGETTI gaenane Mbah Ruk kok. Bar iku wes do kesel dolanan akhire do muleh. Do ra kuat ngglawat wektu iku. Tapi pucuk dicinta Kol pun tiba, aku karo kanca-kancaku melu nunut. Kol seng kanggo amot pasir kui lho, tulisane anci podo karo Kol seng sayuran, tapi pronunciatione/pengucapane (pamer, kan guru Bahasa Inggris) ki bedo. Sopir Kol e apik an sisan. Seneng dinunuti bocah-bocah mbegudul nyasar (aku karo kanca-kancaku maksute, nek dikiro bocah daden-daden). Sek sek, aku jeh eleng jenenge Sopir Kol e, ketoe si Kang B*onot wong Jambu, nek gak salah tapi (berarti bener). Matur Nuwun ya kang wes mbok nunuti iko. Nek ora mungkin aku karo kanca-kancaku iso-iso do kontap. Arigatou Gozaimas. Wes do muleh, tekan omah. Terus ceritane mandek? The End koyo nok film-film barat ngniku? Bah. Gak mungkin. Kapan meneh do iso moco cerito keren ngniki? Yo tara ? (rasah dijawab, mundak nggonduk mengko aku) Pirang-pirang sasi sak bare iku, aku karo kanca-kancaku reng Bendungan meneh. Wektu iku wes rodok maliter yo, kan wes pengalaman. Wayah preinan, sepakat lungo nek Bendungan neh karo gowo bekal. Nek ono seng ngerti boso jowo ne bekal tulung telpon nek nomerku 08********** yo. Aku gak ngerti boso jowone soale. Terus nek telpon nomer iku mesti nyambung. Nyambung mbek mbak Feronika tapi. Kui lho, wong wedok seng biasane muni, ‘maaf, sisa pulsa anda tidak mencukupi untuk melakukan panggilan ini, sisa pulsa anda adalah enam, juta, lima, ratus, ribu, rupiah, dikurangi Rp. 6.499.918’. Ngerti to? Suarane apik si tapi gak ngerti rupane yo apik tah ora. Lhadalah, ngelantur malah. Siap kabeh. Tas? Wes. Ngombenan? Cemawis. Hendiplas? (harap diingat, cerita ini BUKAN fiktif belaka, apabila ada kesamaan nama, tokoh, karakter, atau merk, hanya ketidak sengajaan yang disengaja-sengajakan) Sak bungkus bos. Konco-konco? Ngelumpuk lengkap. Panganan? Halah. Takoane amen panganan ae. Sekali-kali takok, gene pasangan seng golongan geteh e AB karo O kok gak mungkin ndue anak seng golongan geteh e O dak yo apek a. Seng pinter tah dadi pembaca, takoe seng berbobot, koyo seng ngarang cerito iki, berbobot *0 kg. Hehe. Sepurane yo nek pengarange terlalu eksis. Akhire aku karo kanca-kancaku mangkat. Semangat 45 pokoe. Ora pati keroso perjalanane, soale awake do fit. Wah, kanca-kancaku se lanang tekan kono langsung jeguran. Se wedok nglumpokno kewan seng nemplek nek watu kali, ge dolanan. Seng koyo siput tapi cilik-cilik dowu kui lho. Ngertia? Westah ngerti-ngerti. Se rareti berarti ra GAHOOOL, aku dewe si asline gak ngerti jenenge, tapi aku tetep Gaul. Seng gawe cerito. (Untuk Anda yang punya sakit typus, jika tidak tega minum air rebusan cacing, bisa mengkonsumsi nya untuk pengobatan. Tapi maaf, pengarang tidak menjamin kesembuhan Anda karena kesehatan berada di tangan Gusti Allah semata) #mendadak_jadi_bu_nyai Sekitar jam sepuluhan wes do kesel, terus mangan. Rasane Subhanallah tenan. Mangan wayah awak kesel, nek alam terbuka, ngeleh sisan. Wuaaaaaah! Uenake pol. Lagi ngerti aku nek ngniku rasane. Maklum. Aku karo dulur-dulurku terutama, gak tau ngirim re sawah. Dadi gak ngerti sedepe wong mangan karo suasana seng ngono kui. Manganku karo pitek sisan. Ojo salah paham. Manganku karo pitek maksute wayah aku mangan ono pitek nok sandingku. Ora kok lawoh pitek. Kan ndek mau wes tak kandani, aku biasane mangan PIZZA gaenane Mbah Ruk. Puas dolanan, weteng warek, wayahe muleh. Tapi kan temane petualangan, dadi rutene dirubah. Diputusno (sebenere aku seng mekso) nek kene muleh ora liwat dalan wektu lungone mau, tapi liwat kali Kontrak. Jan! hebat a? Liwat kali kontrak (seng ra pinter mesti gak mudeng, mulane nek pengen pinter ngombe Tolak Angin). Keturunane wali tah ora nganti iso liwat kali kontrak. Tapi semua itu dusta belaka. Maksute ki lewat pinggire kali kontrak. Buaaaakune cah, adohe sak pore. Dalane ciut tek gak roto, ko lemah sisan. Bayanganku ki dalane koyo sirkuit Sachsenring (favoritku kui nek lagi maen GP), tapi nyatane dalane koyo raine wong seng gagal operasi plastik. Sudah jatuh tertimpa duren pula (ono se tau ngalami?) aku geregeten karo kanca-kancaku lanang, wes reti dalane bahaya ngono malah jeh jorok-jorokan. Kudu tak jegorke kali sisan. Seandainya wektu iku aku karo kanca-kancaku lagi di soting nek TV, mesti nek ngisor layare ono tulisan ‘adegan berbahaya, jangan ditiru’. Tapi sedurunge aku sempet njegurke kali kanca-kancaku mau, aku lewat nggon se akeh Aren e. Aren lho aren. Seng biasane digo duding jaman jeh ngaji turutan. Wah cah. Ternyata aku karo kanca-kancaku wektu iku lagek nek Watu Tumpuk. Aku setuju karo jenenge. Ancen sak liyane akeh wit Arene yo watune do tumpuk-tumpuk. Watune bentuke apik-apik. Dasar cah gak tau ucul roh pemandangan ngono, isane mlongo ah. Wes ngerti to Sejarahe Watu Tumpuk? Iku lho seng ndek wingen di share nek grup iki. Nek durung ngerti yo diwoco sek ben ngerti sejarah desane barang. Dak teko eleng a nek ayat pertama Al-Quran seng diturunke ki “Iqro’ ” alias bacalah utowo moco o nek boso jowo. Dadi moco ki wes gak iso diganggu gugat (ojo ketularan F*rhat Abbas, seng ra urusane di gugati) ancen penting banget. Kok pengarange iso ngerti hal-hal koyo ngono kui? Jelas. Tamatan Darul Falah. Perjalanane dilanjutke sak bare gawok roh Watu Tumpuk. Adoh tenan kok. Aku wes mbatin mengko nek tekan omah kudune pijet gone Mbah Pairah. Lha piye? Wes do lecet, kepleset sisan. Akhire Alhamdulillah tekan kali Kontrak, seng cerak jembatan, biasane digo umbah-umbah wong Jambu nan kui. Hualah. Ijeh mesti munggah a bar iku. Lewat dalan se reng makame Mbah Karimah. Wektu iku aku jeh eleng, makame Mbah Karimah durung dibangun. Kene melaku koyo bekicot. Alon-alon goro-goro keselen. HOREE!!! Akhire berhasil nglewati tantangan. Akhire tekan Jambu. Berhasil, berhasil, berhasil, HOREE (Njoget ala Dora, aku Dora ne, sampeyan Boots, adil to?). Tapi yo benere durung bar perjalanane wong durung tekan ngomah. Kancaku seng omahe do Jambu si enak, lha aku? Jeh ngalor ngetan e. Tapi yoweslah. Mosok pe ngusi nek Jambu (Jambu terkenal ye, disebut terus)? Aku karo kangaku akhire melaku tekan omah. Omahku dewe. Ora omahe kangaku. Nek kangaku yo do reng mae dewe-dewe ah. Piye sih. Ngono e rareti. Doh, nggawe cerito boso Jowo ternyata uangele sak pore yo. Meneh nek kanggo cah blasteran MeJa (Medan-Jawa) koyo aku ngniki. (MULAI MENEH NARSISE!!!) Ojo mok luru nek ATLAS, ranok negoro jenenge MeJa ki. Tah nek ape mbok luru yo karepmu dewe leh, barang ora aku e kok. Tapi daripada tuo nganggur mending kulon mahku babuti sukete, tah ngepel-ngepel langgar wae kono. Wes yo pamit sek. Mengko nek ono kesempatan tak ngributi grup iki meneh. Matursuwun sanget seng mpon puron maos cerpen boso Jawi meniki. Mugi-mugi amal ibadahe sampeyan sedoyo ditampi kaleh Pengiran (koyo dongo sesuatu deh, ojo dilebokno ati yo, gak kamot). Ngapuntene nek katah salah-salah, nyebut asmo utowo merk, utowo panggenan, utowo lembaga. Kulo mboten wonten niatan sak kuku ireng ndamel awon teng manahe sampeyan. Kulo namung nyubi sinau boso Jowo kaleh carane kulo piyambak. Nek wonten saran lan translate (alih bahasa) kulo nampi sanget. Cekap semanten. Finally I say, Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Rintangan itu untuk dihadapi, sekalipun sulit dan melelahkan tapi bermanfaat akhirnya. *Untuk teman-teman seperjuanganku, Hanan, Fifi, Andik, Yudin, Uuk, Azka, Badak, dan Udin.
Posted on: Tue, 03 Dec 2013 00:47:09 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015