CRITane iku pas cilik, Sardot karo Sodron hobine bal-balan. - TopicsExpress



          

CRITane iku pas cilik, Sardot karo Sodron hobine bal-balan. Sampek umur 17 tahun yo isih tetep ae hobi bal-balan. Pas naliko iku wong 2 iki lungguh2 nang pengger kali. Sardot : Kowe eroh ora Dron? Sodron : Yo gak eroh C*K... Kowe ae durung ngomong Sardot : Your lambe pancen njaluk di jejeli aspal panas..yo iki aku ameh ngomong! Sodron : Muehehehee...ameh ngomong opo emange Dot? Sardot : Awake dewe kan seneng bal-balan ket cilik,Engko yen awakedewe wes mati, kiro2 isih isok bal-balan gak yo? Sodron : Kowe iku aneh2 ae Dot...! (ngemplok kacang) Sardot : Nggawe perjanjian ae piye Dron? (ngrebut kacange Sodron) Sodron : Piye perjanjiane? Sardot : Mengko sopo diantara awakdewe seng mati disek, bakalan ngecek nang akherat onok bal-balane gak...xixixi (mringis garangan) Sodron : Woke Dot,setubuh...eh,setuju...ngehehee (ngidu metu busi) Gak suwe, kiro2 semingguan,Sodron mati gara2 kenek kangker upil. Sampek 7 dinane, Sardot kesepian gara2 koncone wes almarhum. Deke senengane lungguh nang pengger kali gawe ngeleng2 kenangan masa lalue karo Sodron. Pas dino sebtu Sardot lungguh2 nang pinggir kali, moro2 rohe Sodron teko. Sodron : Dot...Sardot... Sardot : (kaget nganti kejlungup) Sopo kowe C*K? Sodron : Iki aku Sodron Dot... Sardot : SEGAWON tenan kowe Dron...wes mati sempet2e nekani aku...(ngankat wit di balangke) Sodron : Gatelisasi kowe Dot.... segawon iku kewan C*K....(ngindar) Sardot : Oh iyo sih..soale your face 11-12 karo segawon Dron...muahahaaa.. lapo kowe muncul maneh? Kowe kan wes mati. Sodron : Koewe gak eleng janjie awakdewe ndisek ta? Awak dewe kan pernah nggawe janji, sopo seng mati disek, bakalan ngecek nang akhirat onok bal-balan opo gak. Sardot : Oh iyo, trus hasile piye Dron? (uthik uthik upil) Sodron : Jebul nang akherat iku onok bal-balan Dot. Sardot : Wih sangar....Terus piye Dron? Sodron : Aku mari wae maen bal-balan dadi striker... Sardot : hebaattt....!!! (tepuk tangan) Sodron : Aku nge-goal-ke limo Dot... Sardot : Sangaarr...!! (nyalami Sodron) Terus Dron...? Sodron : Sesuk minggu aku tanding meneh.... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ...TAPI SING DADI KIPERE KOWE DOT!!!..ngehahahaaa ][ Jati ][
Posted on: Sat, 09 Nov 2013 08:56:51 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015