Kadi dene jroning jaman edan Ewuh oyo ing pambudi Lakune tan - TopicsExpress



          

Kadi dene jroning jaman edan Ewuh oyo ing pambudi Lakune tan nimbang saru siku Dawane umur, tan ………… Ngukir kayu becik Dawane crita, mijil tekan wirangrong Mung nlayon jroning ireng peteng Manungso dede kewan Kang uripe ngetut angen-angen Ngetutke lakune dina, rina lawan wengi Begjone kang lali Luwih begjo kang eling lan waspada “ ORA MUNG MAMPIR NGOMBE “ Sepiro suwening laku Soko guwo garba tekan lemekan gelu…? Sepiro suwening panah Saka gendewa tekan nylorot tiba…? Ndah ebha musprane Yen tanpa lesan kang tinuju Sepiro cacahing darma Soko Ha temeko ing Nga …? Apa di labur laku kang kudu…? Apa rinengga gurit peni …? Pinangka sangu Supoyo ora ketangsang Ing kayu watu Tinitah nyawang banyu mili Mesthine, Ora mung mampir ngombe
Posted on: Fri, 08 Nov 2013 14:16:09 +0000

Trending Topics



http://www.topicsexpress.com/A-mask-of-plastic-happiness-often-covers-her-sadness-Her-beliefs-topic-10151872090654132">A mask of plastic happiness often covers her sadness Her beliefs

Recently Viewed Topics




© 2015