NGURI-NGURI BAHASA JAWI I L I R - I L I R lir, ilir, lir, - TopicsExpress



          

NGURI-NGURI BAHASA JAWI I L I R - I L I R lir, ilir, lir, ilir, tandure wis sumilir takijo royo - royo, taksengguh temanten anyar bocah angon, penekna blimbing kuwi... lu, lunyu, ya penekna, kanggo masuh dodotira dodotira, kumitir bedhahe pinggir jumatana, domdomana, kanggo seba mengko sore mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane ya suraka surak hore. Tandur ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon isih seger awake. Ing sabanjure kepiye tandur iku, bisa ngasilake woh pari kang mentes apa gabug? Iku kari gumantung ing pangrumate. Sing kuwajiban ngrumat ya sing duwe tanduran. Yen iku sanepane bocah, sing kuwajiban ngrumat ya wong atuwane, nggulawenthah, ndhidhik. Senajan ing sateruse bocah iku gedhe dewasa lan dadi temanten, iku ya ora beda kaya bocah angon, tegese, angon hawa napsune. Angon hawa napsu iku angel kanggone wong urip awit akeh pepalange, ora beda kaya wong menek blimbing kang lunyu, mlorat-mlorot . Wohing blimbing plimpingane lima, ngemu teges, lakonana sholat limang wektu. Beja lan cilakane urip ya saka enggone angon hawa napsu iku. Yen bisa angon, slamet uripe ndonya - akherat. Wohing blimbing plimpingane lima. Isi sanepan sing tegese, lakonana sholat limang wektu. Nanging manungsa iku tinitah ora sampurna, tegese, wis mesthi kedunungan luput, salah, dosa. Ing tembang iiku, dosa kang disandhang disanepakake dodot kang suwek pinggire. Dodot iku sandhangane wong Jawa jaman biyen, rupa jarit kang dibebetake ing awak banjur disabuki, ora beda kaya dodot kang diagem Kanjeng Sunan Kalijaga sing ngripta tembang Ilir-Ilir kuwi. Suweking dodot dondomana kareben katon apik awit kanggo SEBA MENGKO SORE. Seba tegese ngadhep, bali menyang jaman akhir, ngadhep marang Pangerane, Gustine, ya Alllah SWT. Mumpung isih padhang rembulane, isih jembar kalangane, tegese, mumpung saiki isih urip, isih ana wektu kanggo ndondomi dodote kang bedhah suwek iku. Dondom maksude mertobat, nyuwun ngapura marang sakehing dosane kanthi ngakeh-akehi gawe kabecikan. Mumpung isih urip, durung kasep. Yen nganti kasep, bisa kojur temanan, ngadhep Pangeran nganggo sandhangan kang ala suwek pating slawir.Nanging menawa bisa tata-tata ing sadurunge,bakal bisa slamet lakune. Padhang dalane, jembar kubure lan bisa surak seneng nemoni kamulyan ing kanane. *
Posted on: Tue, 29 Oct 2013 00:57:56 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015