Ramalan bintang versi jowo. Sorry buat yg ngak ngerti boso jowo. - TopicsExpress



          

Ramalan bintang versi jowo. Sorry buat yg ngak ngerti boso jowo. Salah dewe 1. Pirgo - Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: golek sing rodho genah lan waras. 2. Akuwarius - Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek. Keuangan: nyilah-nyilih kiwo tengen. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo. 3. Piskes - Penggawean sing cocok: mikuli galon, golek beling, mangkal ngojeg...nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu tp gak koyok raimu". 4. Ariyes - Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu. 5. Tawurus - Penggawean sing cocok: Ngarit pakan truwelu, dodhol klepon, buruh menek wit klopo. Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane . 6. Gemini - Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir2an e lanang opo wedok. 7. Kanser - Penggawean sing cocok: Golek cacing, ngawinke iwak, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, meh bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret. 8. Leyo - Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster. Keuangan mbrebet . Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun. 9. Libra - Penggawean sing cocok: ngumpulke plastik ndik larahan, tukang golek pecahan beling. Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang 10. Sekorpio - Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir2an nggrik2en.. 11. Sagitariyus - Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojomu. 12. Kaprikorn - Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil. Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih! Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e, .....ajuuur ajuuuurr
Posted on: Mon, 16 Sep 2013 00:53:05 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015