Sholaatullahi ma lahat kawakib Alaa ahmad khoiri man - TopicsExpress



          

Sholaatullahi ma lahat kawakib Alaa ahmad khoiri man rokiba najaib. Iki syiir kanggo bocah lanang wadon Nebihaken tingkah laku ingkang awon.. Sarto nerangake budi kang prayogo Kanggo dalan podho mlebu ing suwargo.. Bocah iku wiwit umur pitung tahun Kudu ajar toto keben ora getun.. Kudu tresno maring ibu kang ngrumati Awit cilik marang bopo sing gemati.. Ibu bopo rewangono lamun repot Ojo koyo wong gemagus ingkang wangkot.. Lamun ibu bopo prentah inggal tandang Ojo bantah, ojo sengol, ojo nantang.. Andab asor ing wong tuwo najan liyo Tetepono ojo koyo rojokoyo.. Gunem alus, alon lirih ingkang terang Ojo kasar, ojo misuh koyo musang.. Yen wong tuwo lenggah ngisor siro ojo Pisan lungguh duwur koyo jamak jujo.. Yen wong tuwo sare ojo geger, guyon Lamun siro nuju moco ingkang alon.. Lamun siro liwat ono ing ngarepe Kudu nyuwun amit sarto depe-depe.. Lamun ibu bopo duko becik meneng Ojo melu padu ugo ojo nggremeng..
Posted on: Wed, 19 Jun 2013 15:03:53 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015