Iling mageh cilik bengén dulur, kadung wes wayah puosoan gedigai, - TopicsExpress



          

Iling mageh cilik bengén dulur, kadung wes wayah puosoan gedigai, ambi nganteni buko nyólók "blanggur" ring pinggir banyu ambi kanca-kanca. Lare siji kadang nggawa "blanggur" 2. Golet-golet panggonan hang pas, serto nemu "blanggur" muko ditata jéjér sak cukupe panggonan. Heng katek suwik, "blanggur"muko diisi banyu lan karbit. Nganteni pirang menit sampe krungu suarane kemerengsengé karbit, "blanggur" dicólók nganggo geni. Byek, suarane "jêmêdór" saut-sautan. Heng kerasa wes wayah buko. Abyane suling ring masjid baiturrahman wes nguing-nguing. Blanggur, karbit, lan "damar têlêmpik" aju dicincing agyagè moleh. Gadug umah, heng katikan wesuh langsung nyandak banyu aju dikókóp sampek cécéran ring klambi. Mari ngombeh aju nyandak piring. Pelasan lemuru lan jangan kacang hang dadi iwake buko. Mari madyang, agyage mblayu nong "sumber". Adus jeburan sampek sumberè "butêk". Mari adus agyagek nong langgar sholat magrib. Mari sholat nutugaen memengan maning. Kadung soren muko memengan blanggur, mbengine ganti memengan mercon clorotan. Sangking enake memengan kadang sampek lali terawih. Rodo mbengi, memengane ganti nong patrol. Mider-mider deso nabuh patrol, omplong, timbo lan pekakas liyane hang biso nggawe suara hang anter. Sak bendina gawene gedigu thok heng ana bosene. Mula kadung ngiling-ngiling jaman mageh cilik bengen kadang kudu gemuyu dhewek. Taping saiki jaman wes berubah. Heng ana maning lare memengan blanggur. Heng ana maning lare patol mideri desa. Padahal memengan gedigi anane mung pas puosoan thok... Kadung critane rika mageh ciliik bengen pas puosoan klendi dulur? Apruwo tulisen nong kene... (Oi)
Posted on: Wed, 17 Jul 2013 17:00:57 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015