Waras VS EDan Kutipan wawancara antara hrd dan pencari - TopicsExpress



          

Waras VS EDan Kutipan wawancara antara hrd dan pencari kerja.. Pancen orang2 hrd uedaaan kabeh.. !! hihi.. Sekalian kursus bahasa Jawa gratis buat yang belum bisa bahasa jawa + Pendidikanmu opo? - Hukum Pak. + wah ora bisa ditompo ning kene. - Alasanipun Pak? + Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja. - tapi kulo mantan diplomat lho Pak. + Tambah ora ketompo? - Lho kok ngaten pak? + Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae...... · Kowe nduwe omah opo ora? - Dereng..... + Wah kowe ora iso ketompo nang kene. - Lho kok ngaten? + Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. - Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. + Yo malah ora ketompo. - Lho kok ngaten? + Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. + Kowe nduwe motor opo ora? - Mboten. + Ora ketompo. - Lho kok mboten ketompo? + Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. - Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. + Wah malah ra ketompo.... - Lho kok ngoten? + Tempat parkire wis ra cukup.. + Kowe wis lulus sarjana tenan? - Sampun Pak.... + Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah. - Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi. + Malah ora ketompo...... . - Lho kados pundi to? + Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo. + Kowe seneng guyon opo ora? - Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe. + Ra ketompo...... - Waa... Kok ngoten? + Engko konco- koncomu lan anak buahmu podho stress. - Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon. + Malah ora ketompo. - Lho kok...... + Engko kowe mung email- emailan sing lucu. + Kowe mau mrene numpak opo? - Nitih mobil. + Kowe ora ketompo. - Sebabipun? + Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus. - Woo, kulo wau namung mbonceng, kok. + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi! + Anakmu akeh opo sithik? - Kathah, Pak. + Kowe ora ketompo. - Sebabipun? + Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus. - Lha wong namung anak adopsi, kok. + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe. + Kowe wis ngerti gaweyanmu durung? - Dereng. + Kowe ora ketompo. - Sebabipun? + Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane? - Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok. + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Kowe rak mung arep keminter, to? + Kowe ngerti kahanan kantor kene durung? - Dereng. + Kowe ora ketompo. - Sebabipun? + Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore? - Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok... + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Mengko kowe senengane ngudhal- udhal wewadi kantor, to? + Kowe kerep loro? - Mboten. + Kowe ora ketompo.. - Sebabipun? + Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering. - Wah, sakjanipun nggih asring. + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Kantor iki ora nompo karyawan pileren. + Kowe biso main internet? - mBoten. + Kowe ora ketompo. - Sebabipun? + Perusahaan ora nompo sing buta internet. - Wah, sakjanipun nggih saged. + Tambah ora ketompo. - Lho, lha kok? + Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to??? + Kowe waras opo ora? - Lha, kulo nggih waras to Pak. + Ra ketompo. - Kenging nopo? + Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. - Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. + Malah ra ketompo. - Pripun to niki? + Mengko aku duwe saingan. - WAAAAAAAAA AAAAAAA! !!!! Ket... + : org edan - : org waras
Posted on: Sat, 13 Jul 2013 02:11:25 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015